:: Bilik Depan Monggo Pinarak :: Siapakah Sani..? ::

Boso JowoanDecember 13, 2008 1:58 pm

Sampun kathah kulo nulis ing blog kulo niki bab badminton..

Nanging nggih kepriye maneh, lhawong hobi anyar kulo puniko taksih enggal lan ndamel sumringah tenanemoticon

Ing latian dino seloso, GOR badmintonipun enggal sepi tenan, telung line mung dipun damel EBF sedoyo..

Nanging ing dinten jumuwah, line 1 dipun damel PB Landungsari, Line 2 dipun damel EBF, lan line 3 didamel mahasiaswa..

Nah, ing salah sawijining wektu, line 1  puniko sepi mboten wonten tiyang ingkang main, mung kalih utowo telung tiyang ingkang rawuh,  dadine tiyang2 puniko gabung sesarengan main kaliyan EBF..

Nah, ingkang kerep ndherek main sesarengan EBF, iggih puniko Mas Essien..

Minangka "Michael Essien" ingkang saestu inggih puniko pemain balbalan lan main dateng Chelsea FC..

Nanging "Mas Essien" puniko pemain badminton saking landungsari..

 

Niki foto Michael Essien ingkang saestu:

 

 

Nah, ing ngisor niki foto Mas Essien tiyang landungsari :

 

Senajan rupinipun swidak persen radi memper..

Kulo paringi jeneng konco anyar kulo puniko Mas Essien..

Tak enteni tekomu dino jumuwah Mas Essien..!!

 

foto Michael Essien ingkang saestu dipundhut saka :

http://www.jamati.com/online/wp-content/uploads/2008/03/essien.jpg

Lirik Lagu, Boso JowoanJune 5, 2008 6:04 pm

*Kelingan manis eseme trus kelingan ramah gemuyune
  Tresno lan kasih kasih sayange karep atiku klakon dadi bojone
  Sayange wes duwe bojo nanging aku aku wes kadong tresno
  Nelongso rasa neng ati yen aku ra klakon melu nduweni

reff:
  Jambu alas kulite ijo seng di gagas wes duwe bojo
  Ada gula ada semut durung rondo ojo di rebut

  Sumpah neng batin yen kulo tidak di kawin
  Tekating ati ora bakal luru ganti
  Sumpah wes janji arep sehidup semati
  Seneng seding bareng bareng di lakoni

Jambu alas ndok manis rasane
Snajan tilas tak enteni rondone

Back to*

Boso JowoanMarch 16, 2008 2:07 pm

Jumlahe film barat ki uakeh tenan, tapi lek bosone di gawe boso jowo, koyo ngene ki dadine :

Enemy at the Gates — Musuhe Wis Tekan Gapuro
Die Another Day — Modare Ojo Saiki
Die Hard — Matine Angel
Die Hard II — Matine Angel Tenan
Die Hard III With A Vengeance — Kowe Kok Ra Mati-Mati To?
Die Hard IV (Die) – Jan Tenanan, Arep Mati Kok Angel Tenan
Bad Boys — Bocah-Bocah Elek
Catwoman – Kucing Wedok
Man of Fire — Wong Lanang Kesumuken
No Way Back — Ora Iso Mulih (kesasar to?)
Just Married – Mantenan
Red Eye — Matane Abang (klilipan opo?)
Casino Royale – Togel Akeh Duite
The Hoax — Ngapusi
Harry Potter – Harry Dodol Pot
Lost in Space — Ilang Neng Awang-awang
X-Men — Wong Lanang Saru
X-Men 2 — Wong Lanang Saru Tenan
Cheaper by the Dozen — Tuku Selusin Luwih Murah
Paycheck — Kasbon
Independence Day — Pitulasan
There is Something About Marry — Meri Ono Apa-Apane
Silence of the Lamb — Wedhuse Mutung
All The Pretty Horses — Jarane Ayu-Ayu
Planet of the Apes — Planete Wong Apes
Gone in Sixty Second — Minggat Sakcepete
Original Sin — Dosa Tenanan
The Abyss — Entek-Entekan
Deja Vu — Pangling
Seabiscuit — Klethikan Neng Laut
Terminator — Terminal Montor
How To Lose A Guy in 10 Days — Piye Carane Megat Lanangan Mung 10
Dino
Lord Of The Ring — Pedagang Akik
Deep Impact — Ngantem Njero
Million Dollar Baby — Babi Regone Sayuto
Blackhawk Down — Manuk Ireng Kenek Bedhil
Saving Private Ryan — Ngelesi Privat Mas Ryan (pancene goblog tenan
opo?)
Superman — Gatot Koco
Gone With The Wind — Bablas Angine

 

dijupuk saka forum

Boso JowoanDecember 12, 2007 5:23 am

 Ra kroso rasane playuning wektu kok koyo ngene cepete. Rasane isih wingi aq budal sekolah nggo sragam abang putih, nyenengi konco sak kelasku, umbelen taunan, nggembol, kakean njajan nganti loro tipes.. rasane isih wingi..

Tapi saiki..

Kok tibake aq wes kuliah luwih tekan 5 taun, skripsi yo sik tas nggarap, rasane kok bongko tenan. Ndelok kanca2ku liyane sing sak umuran yo wes akeh sing lulus, wes kerjo, malah wes rabi. Aku koyoke kok kari, skripsi yo tas nggarap, ngene iki malah sumpek, dadi pikirane wong tuwo, buang2 wektu, umur yo soyo suwe soyo tuwo. Rasane beban kok uabot tenan. Ngene iki njupuk istilahe mas ucit, rasane koyo "katak dalam tempurung". Istilah iku pancen bener, lapo2, nangdi2, mesti kebebanan mslh sitok iku.

Tapi, sing ndadekno semangatku,  ning Al Quran, lek gak salah Surat Al Baqarah:286, isine, Allah tidak akan membebankan kepada seseorang apa yang melebihi kemampuan seseorang itu.

Dadi, menurutku, sak bongko2ne skripsiku, sak angel2e judulku, mesti  bakal mari pokoke dikerjakno serius, berdoa, lan ora males. Nah, sing terakhir iku sing angel, males iku musuh abadi. Opomaneh dasarane aku iki ngantukan, sithik2 ngantuk, tangi yo awan. Durung maneh lek diajak cangkruk karo cico, andik, opo karo baka emoticon

Tapi cangkruk kuwi yo akeh manfaate, iso guyon gegayengan, ngilangno stress kanti cepet, iso mbukak utek, iku yen mbahas masalah2 rodo serius koyo kerjo lan mslh karo caca.

Akhir2 iki aq bar les bhs inggris mesti cangkruk, plg sering nang pulosari, karo arek2 baka, koyo cebi, ucit, qq, fariz, genteng, sing dibahas "Omah kontrakan Sawojajar" emoticon

Wis sakmene wae tulisanku iki, yen ono longgare wktu bakal tak terusno nulis2 iki ben soyo suwe soyo tuwo soyo akeh nulis. Matur nuwun dateng mas alit sing perhatian marang blogku, hehe..