Sampun kathah kulo nulis ing blog kulo niki bab badminton..

Nanging nggih kepriye maneh, lhawong hobi anyar kulo puniko taksih enggal lan ndamel sumringah tenanemoticon

Ing latian dino seloso, GOR badmintonipun enggal sepi tenan, telung line mung dipun damel EBF sedoyo..

Nanging ing dinten jumuwah, line 1 dipun damel PB Landungsari, Line 2 dipun damel EBF, lan line 3 didamel mahasiaswa..

Nah, ing salah sawijining wektu, line 1  puniko sepi mboten wonten tiyang ingkang main, mung kalih utowo telung tiyang ingkang rawuh,  dadine tiyang2 puniko gabung sesarengan main kaliyan EBF..

Nah, ingkang kerep ndherek main sesarengan EBF, iggih puniko Mas Essien..

Minangka "Michael Essien" ingkang saestu inggih puniko pemain balbalan lan main dateng Chelsea FC..

Nanging "Mas Essien" puniko pemain badminton saking landungsari..

 

Niki foto Michael Essien ingkang saestu:

 

 

Nah, ing ngisor niki foto Mas Essien tiyang landungsari :

 

Senajan rupinipun swidak persen radi memper..

Kulo paringi jeneng konco anyar kulo puniko Mas Essien..

Tak enteni tekomu dino jumuwah Mas Essien..!!

 

foto Michael Essien ingkang saestu dipundhut saka :

http://www.jamati.com/online/wp-content/uploads/2008/03/essien.jpg