Ra kroso rasane playuning wektu kok koyo ngene cepete. Rasane isih wingi aq budal sekolah nggo sragam abang putih, nyenengi konco sak kelasku, umbelen taunan, nggembol, kakean njajan nganti loro tipes.. rasane isih wingi..
Tapi saiki..
Kok tibake aq wes kuliah luwih tekan 5 taun, skripsi yo sik tas nggarap, rasane kok bongko tenan. Ndelok kanca2ku liyane sing sak umuran yo wes akeh sing lulus, wes kerjo, malah wes rabi. Aku koyoke kok kari, skripsi yo tas nggarap, ngene iki malah sumpek, dadi pikirane wong tuwo, buang2 wektu, umur yo soyo suwe soyo tuwo. Rasane beban kok uabot tenan. Ngene iki njupuk istilahe mas ucit, rasane koyo "katak dalam tempurung". Istilah iku pancen bener, lapo2, nangdi2, mesti kebebanan mslh sitok iku.
Tapi, sing ndadekno semangatku, ning Al Quran, lek gak salah Surat Al Baqarah:286, isine, Allah tidak akan membebankan kepada seseorang apa yang melebihi kemampuan seseorang itu.
Dadi, menurutku, sak bongko2ne skripsiku, sak angel2e judulku, mesti bakal mari pokoke dikerjakno serius, berdoa, lan ora males. Nah, sing terakhir iku sing angel, males iku musuh abadi. Opomaneh dasarane aku iki ngantukan, sithik2 ngantuk, tangi yo awan. Durung maneh lek diajak cangkruk karo cico, andik, opo karo baka 
Tapi cangkruk kuwi yo akeh manfaate, iso guyon gegayengan, ngilangno stress kanti cepet, iso mbukak utek, iku yen mbahas masalah2 rodo serius koyo kerjo lan mslh karo caca.
Akhir2 iki aq bar les bhs inggris mesti cangkruk, plg sering nang pulosari, karo arek2 baka, koyo cebi, ucit, qq, fariz, genteng, sing dibahas "Omah kontrakan Sawojajar" 
Wis sakmene wae tulisanku iki, yen ono longgare wktu bakal tak terusno nulis2 iki ben soyo suwe soyo tuwo soyo akeh nulis. Matur nuwun dateng mas alit sing perhatian marang blogku, hehe..
